Kidung Ngiring Mantram


oleh:

Untung Suhardi

Kidung merupakan pengantar dalam melakukan persembahan kepada Hyang Tunggal. Karena kidung ini sebagai sebuah persembahan dari alunan nada yang berisi pujian, ucapan rasa terimakasih atas anugrah yang telah diberikan dan sebagai penghibur lara bagi jiwa yang mengalami kekalutan. Berikut ini adalah tembang jawa sebelum melakukan persembahyangan : 

KIDUNG
NGIRING MANTRA
1.   Duh sang hyang kang maha luhur
Kang maha mulya wilaso
Sucining manah kawula
    Nunjukaken puja astawa

2.   Kanti canang suci ulun
Saha daksina sedoyo
Sampun cumawis katata
Kunjuk cihna ningabekti

3.   Kukus dupa ratus arum
Cendana arum gandanya
Amumbul ing ngatariksa
Pengawak duta sumadya

4.   Ngaturaken ing panuwun
Mring gusti hyang widhi wasa
Gusti ingkang maha tunggal
Kastu enggala tumedhak

5.   Enggal-enggala tumurun
Saking luhur ngatariksa
Kawula sampun siyaga
Ngaturaken sembah aksama
6.   Ngabekti mring maha luhur
Ing papan suci punika
Duh gusti hyang widhi wasa
Ingkang rawuh saking swarga

7.   Adi suka adi luhur
Sadaruming ngatariksa
Panganggenya sarwa endah
Kaderekna sagung wadya

8.   Panjagi swarga sadarum
Widadara widadari
Klawan satata tumata
Data nana kang sulaya

9.   Prabawanya klangkung langkang
Ngabekti ing jagat raya
Donya dadi prabawanya
Sairi denging ngatariksa

10.   Sampun puput ngatur sembah
Katur ida sang hyang suksma
Mugi kita pinaringan
Karaharjan saklaminya

KIDUNG NUHUN  TIRTHA (MEGATRUH)

Nuhun tirtha amertha suci manuwus
Ica dhuh hyang pasupati
Papu nara kala lebur
Klawan sarwa dosa sami
Panjang tuwuh duh ring anom

Tirtha maring kamandalu muncrat mumbul
Sinirat pemangku sami
Saha mantra sidhi tuhu
Saniran wong kertanjali
Tuwuhaken hyang pengayom

Om dirgahayu sukham astu tat astu
Sukham purnam sriyam swasti
Avighnam astu bhawantu
Tattu astu sapta werdhi
Om santi santi santi om

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Kidung Ngiring Mantram"

Post a Comment